Widya lan Resti

Zuly Kristanto

TELUNG dina kepungkur Widya diajak bulike menyang salah siji papan pengungsian sing ora adoh saka kuthane. Ing kono, Widya ngrasa trenyuh samungkure weruh akeh bocah-bocah saumurane padha dolanan nganggo botol bekas banyu ngombe lan kulit jeruk bali.

Widya mbatin yen kulit jeruk bali sing dienggo dolanan bocah-bocah ing pengungsian kuwi sisa jeruk bali asil saka sumbangan para donatur. Merga saksuwene marani papan pengungsian, dheweke ora nemokake anane wit jeruk bali kaya sing tuwuh ing kidul omahe.

Senajan anggone menyang papan pengungsian mung sedhela. Nanging wis cukup nggawe Widya sadar. Nalika bali saka papan pengungsian. Sing kapisan ditindakake Widya njaluk ngapura menyang ibune.

“Bu, kula nyuwun pangapunten. Kula mboten siyos nyuwun klambi anyar lan dolanan malih,” ujare Widya ing sawijinig sore.

“Hlo, kena ngapa kok ora sida?”

“Nganu, Bu. Nalika diajak bulik dhateng papan pengungsian, Widya ngertos ing njawi taksih kathah bocah ingkang nasibe kirang beruntung. Kathah bocah sing boten gadhah dolanan. Widya dados rumaos mesakaken. Saupami Widya pengin nyumbang bocah-bocah nika napa pareng?”

“Pareng. Nanging apa sing arep kok sumbangke Wid?”

“Dolanan, Bu.”

“Hah, dolanan?”

“Nggih, Bu. Rumaos kula bocah-bocah ingkang ndherek tiyang sepahe ngungsi menika lak nggih butuh dolanan kagem nglipur atine sadangune ngungsi dhateng pengungsian. Kebeneran dolanan kula sampun kathah sing sampun boten didamel. Tinimbang dolanan kula namung disimpen ing jero peti, kula kinten langkung sae disumbagaken. Sinten ngeros saged migunani kagem bocah ingkang tumut ngungsi, Bu.”

“Sing kok omongne pancen bener, Ndhuk. Nanging apa kowe wis ikhlas tenan. Aja-aja mengko bareng kok sumbangne, kowe bakale getun.”

“Boten, Bu. Kula sampun ikhlas. Saestu.”

“Yen wis ikhlas tenan, ya wis kana, pilihana endi dolananmu sing arep kok sumbangke! Ning, Ibu pesen dolanan sing kok sumbangke iku kudu dolanan sing durung rusak. Mulane anggonmu milihi aja sembarangan. Dolanan sing wis rusak aja nganti ketut kok sumbangke. Mesakake sing nampa sumbangan dolananmu. Iki kudu kok tindakake supaya bocah sing nampa sumbangan ora ngrasa kok ece.”

“Inggih, Bu. Babagan menika kula sampun ngertos.”

Mulane anggonmu milihi aja sembarangan. Dolanan sing wis rusak aja nganti ketut kok sumbangke. Mesakake sing nampa sumbangan dolananmu.

Sadurunge mlebu kamare kanggo milihi dolanan. Widya nyuwun kerdhus menyang ibune. Sawise, Widya banjur mlebu kamare. Satekane njero kamar Widya langsung ngetokake dolanane sing disimpen ing jero kerdhus. Wektu kuwi dolanan sing isih disenengi lan kerep dienggo dolanan disisihake. Dene dolanan sing sekirane ora nate dilebokake menyang kerdhus sing mentas disuwun saka ibune.

Kegawa asyike anggone milihi dolanane sing bakal disumbangake, Widya nganti ora ngerti ing mburine wis ngadeg Resti, kancane sakelas. 

“Wid, kowe lagi ngapa?” takone Resti.

“Eh, Res, kapan teka?”

“Sik tas wae, Wid. Kuwi ngapa dolananmu kok diudhal kaya ngono ta?”

“Iya, Res. Iki aku lagi milihi dolananku. Arep tak sumbangake.”

“Hlo, kok sumbangake menyang ngendi?”

“Menyang bocah-bocah sing melu ngungsi, Res.”

“Oalah. Tak ewangi milihi, oleh?”

“Oleh wae, Res.”

Resti banjur lungguh ing cedhake Widya. Sinambi ngewangi milihi dolanane Widya sing bakal disumbangake. Resti takon kena ngapa Widya nganti lila nyumbangake dolanane. Mangka mungguhe Resti wis akeh pihak-pihak sing menehi sumbangan menyang para pengungsi sing bakal disumbang Widya.

Nalika keprungu alesane Widya. Resti dadi sadhar yen aweh sumbangan menyang wong sing lagi nandang kesusahan iku mujudake kewajibane wong sing mampu. Dadi dudu kewajibane wong tartamtu.

“Wid, sejatine aku ya pengin nyumbang. Nanging dolananku ora saakeh dolananmu.”

“Ngene, Res, awake dhewe kena kok nyumbang kanthi wujud apa wae. Ora kudu dolanan. Sing penting sing awake dhewe nyumbange ikhlas lan barang sing disumbangake isih pantes dienggo tumrape sing disumbang. Ngendikane ibuku babagan iki kudu ditindakake supaya sing nampa sumbangan saka awake dhewe ora rumangsa diasorake lan diece.”

“Dadi upama aku melu nyumbang sandhangan ngono entuk, ya? Soale yen sandhangan aku duwe lumayan akeh. Sandhanganku pancen ora apik nemen. Nanging, dakkira isih pantes. Aku pengin nyumbang merga sandhanganku ora mungkin daklungsurake menyang adhikku.”

“Hla, ngapa Res?”

“Kowe ngerti dhewe, adhikku lanang-lanang. Mosok arep daklungsuri sandhanganku.”

“Oh, iya. Aku lagi kelingan. Hehehe… Yen ngono kebeneran Res. Aku sing nyumbang dolanane, kowe sing sandhangane. Pas banget.”

“Kowe mrana maneh kapan Wid?”

“Yen ora kliru rong dina maneh, Res. Ana apa?”

“Saupama sesuk ing sekolahan awake dhewe ngajak kanca-kanca liyane piye? Sapa ngerti ana kanca sing pengin melu nyumbang?”

“Idhe apik kuwi, Res.”

“Pas menehake sumbangan saupama aku melu oleh?”

“Aku ora janji. Mengko coba daktarenake menyang bulik ya? Muga-muga bulik ngidini.”

“Oke, Wid. Mengko kabar-kabar wae.”

Dina candhake ing sekolahan. Widya lan Resti nyoba ngajak kanca-kancane. Tanpa dinyana akeh kancane sing pengin melu nyumbang. Malah anggene nyumbang ora mung dolanan lan sandhangan wae. Ana sing nyumbang alat-alat tulis, dhuwit, panganan, lan isih akeh maneh.

Akehe kancane sing kegugah atine melu nyumbang ndadekake Widya lan Resti ngrasa bungah lan bingung. Untunge ana Bu Ririn, guru kelase sing kasil mrantasi rasa bingung sing dirasakake Widya lan Resti. Bu Ririn ngendikan supaya sumbangan-sumbangan iku dipasrahake menyang sekolahan. Mengkone pihak sekolahan bakal nyerahake langsung menyang sing duwe hak nampa sumbangan iku mau. 

Saliyane kuwi sing banget gawe bungahe Resti lan Widya. Bocah-bocah sing pengin melu ngendhangi para korban ing papan pengungsian diidini melu. Mung wae kanggone sing melu. Bu Guru pesen supaya aja tumindak neka-neka sing wusanane bisa nglarani atine sapa wae sing lagi ngungsi ing papan pengungsian.

“Nggih, Bu. Kula janji. Kula boten bakal tumindak nakal lan neka-neka. Menawi kula ngantos nglanggar syarat ingkang Bu Ririn ngendikaken, kula siyap nampa ukumane,” ujare Resty.

“Semanten ugi kula, Bu,” Widya melu-melu.

“Kula nggih siyap, Bu,” ujare liyane.

Ndulu akehe muride sing duwe pepinginan luhur kanggo aweh pambiyantu marang sing lagi nandang musibah. Atine Bu Ririn seneng banget. Ing njero atine, Bu Ririn ndedonga supaya sipat sing kaya ngene iki bakal terus digawa nganti murid-muride dhiwasa.


Zuly Kristanto, penulis buku Wacan Bocah Kecap Nomer Siji (2018) lan Sithik Edhing (2020)

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s