Kapok Nggarap Sawah

Priyadi

PERSIS bar subuh, spiker saka mesjid Desa Jlumpang muni. Saknalika aku langsung maktratap pas krungu suarane. Saka dhusunku, Watulemper, suarane katon kemresek nanging isih krungu: Innalillahi wainna ilaihi raji’un.

Wis dadi tradhisi, yen wong Jlumpang ninggal, wong Watulemper kang tugas ndhudhuk kubur. Semana uga sewalike, yen wong Watulemper ninggal, wong Jlumpang kang ndhudhuk kubur. Sinambi nunggu rada padhang, aku salin siap-siap mangkat makam. Ning wetan omah karo nyumet udud, aku nunggu kanca liwat sing bakal melu ndhudhuk makam.

Let sadhelok ana kanca, banjur ana liyane kang mlaku tumuju makam. Aku lan wong-wong Watulemper liyane, kira-kira wong enem, banjur mlaku bareng mangkat makam karo klepas-klepus nyumet udud. Wayah tekan makam lan mulai ndhundhuk kubur, biasane wong-wong padha nyambi crita ngalor-ngidul. Kadhang yo crita babagan randha enom kang ngedap-ngedapi ayune, kadhang crita babagan politik sing ora jelas tur ora paedah, nanging kerep uga crita kahanan tanduran.

Wayah tekan makam lan mulai ndhundhuk kubur, biasane wong-wong padha nyambi crita ngalor-ngidul. Kadhang yo crita babagan randha enom kang ngedap-ngedapi ayune, kadhang crita babagan politik sing ora jelas tur ora paedah, nanging kerep uga crita kahanan tanduran.

Wong-wong padha gentenan ndhundhuk kubur, karo ece-ecenan. Biasane sing diece yo aku iki, mergane ora iso ngobahke pacul, jarene. Kesuwen sekolah dadine kethul ora iso macul. Aku krungu suara ecenan koyo ngono yo mung iso mesem karo nggleges thok. Wong pancen aku ora iso macul.

Karo nunggu giliran ndhundhuk kubur, aku krungu pitakon saka Kang Slamet marang Pak Eko. Pitakone kaya mangkene, “Taksih nggarap nggene Mbah Fulan niku, Pak? Sae panene kala wingi?” Pak Eko ora nyauri nanging namung mesem karo nyedhot udud let sadhelok kebul metu saka tutuke.

“Hlo, kok malah mesem?” mengkono pitakon tambahan saka Kang Slamet karo ngguyu. 

“Mpun mboten Mas. Dipaido mawon kulo. Dados omongan teng mburi,” Pak Eko mangsuli. 

“Eh, lha kok saget?” Kang Slamet takon maneh karo tangane njupuk udud ning kantongan. 

“Jarene leh ku maro ora pas. Malah ngomong karo wong-wong liya yen aku ngedum panenan ora bener,” Pak Eko mangsuli.

Babagan maro utawa kadhang kasebut bagi hasil iku wis biasa ana ing desa kang isih jembar sawahe. Miturut G.J. Vink ing kitab Dasar-Dasar Usaha Tani di Indonesia, cara bagi hasil iku ana loro. Sepisan kasebut perjanjian kerja, kaping pindhone kasebut sewa. Ingkang kasebut perjanjian kerja miturut Vink, juragan kang nduweni sawah isih campur tangan babagan cara nandur, menehi bibit, lan pilihan jenis tandurane. Bisa uga, juragan kang nduweni sawah nyilihi rabuk utawa ternak kang dinggo nggarap sawah.

Cara kang kapindho ingkang kasebut sewa miturut Vink yaiku, sing nduweni sawah ora ana campur tangan babarblas. Kabeh gumantung karo sing nggarap. Sing nduweni sawah namung njupuk bagian saka hasile panenan. Nanging mangkono, istilah saka Vink iku mau ora patio tepat kanggo nggambarake kahanan ing desa Jlumpang wayah modern iki. Istilah perjanjian kerja utawa sewa iku sejatine ora ana. Anane kang ndhasari maro iku rasa padha-padha mbutuhane lang nguntungake.

Sing nduweni sawah iku wis orang nyonggah wektune kanggo nggarap banjur kongkon wong sing gelem nggarap kanthi kasepakatan. Yen ora sepakat, biasanya sing nggarap yo ora bakal gelem. Yen sepakat, ana aturan kaya sing disebut Vink, yaiku sing nduweni sawah melu campur tangan apa orang melu campur tangan. 

Yen sing nduweni sawah melu campur tangan, biasane bakal oleh bagi hasil luwih akeh tinimbang sing nggarap sawah. Nanging saiki akeh wong sing nggarap sawah males yen ana campur tangan saka sing nduweni sawah, khususe ing Desa Jlumpang. Dadi milih pilihan kang kapindho, yoiku ora ana campur tangan saka juragan sing nduweni sawah. Pilihan kang kapindho iki kang dadi kesepakatan Pak Eko karo si Fulan kang nduweni sawah. Pak Eko nggarap sawah tanpa campur tangan lan mengko yen panen, sing nduweni sawah bakal oleh panenan.

Ing desa Jlumpang iku ana macem-macem cara bagi hasil: maro, mertelu utawa merpapat. Nanging sakiki sing biasa dilakoni yaiku maro. Biasane yen maro, ana itungan panen kang wis umume disepakati saka masyarakat. Maksude mangkene: yen pas panen ana upah kanggo sing derep. Derep yaiku gawean ngrumati panen saka mulai ngarit pari nganti pari mau dadi gabah kang wis kawadhahi ing bagor.

Saben limang bagor gabah saka panen, sing derep oleh sebagor. Ngono iku aturan kang biasane diugemi ing Jlumpang. Dadi yen panen limang bagor, sing sebagor kanggo sing derep, sing patang bagor kanggo sing nduweni sawah. Saumpamane kabeh panenan entuk telung puluh bagor, sing derep njupuk enem bagor dhisik kanggo upah. Sisane, patlikur bagor diparo adil kanggo sing nggarap sawah lan sing nduweni sawah. Dadi sisane patlikur bagor kui paro loro, entuk rolas bagor padha.

Saumpamane kabeh panenan entuk telung puluh bagor, sing derep njupuk enem bagor dhisik kanggo upah. Sisane, patlikur bagor diparo adil kanggo sing nggarap sawah lan sing nduweni sawah. Dadi sisane patlikur bagor kui paro loro, entuk rolas bagor padha.

Sing marai wong nggarap sawah iku gelem maro, biasane milih cara kapindho yaiku juragan kang nduweni sawah ora ana campur tangan. Dadi juragan sing nduweni sawah mau mung mangsa-bodoa, mengko yen panen pokoke oleh bagian. Ngono thok thil.

Saka kene, sing nggarap sawah biasane yo sing derep. Dadi sing nggarap sawah bakale oleh bagian luwih akeh tinimbang sing nduweni sawah. Umpamane panen telung puluh bagor, sing nggarap sawah bakale entuk wolulas bagor. Rolas bagor saka dumduman panen lan enem bagor saka upah derep. Saka kasepakatan ngono kuwi mau wong-wong kang nggarap sawah biasane dadi semangat nyambut gawe.

Umpamane panen telung puluh bagor, sing nggarap sawah bakale entuk wolulas bagor. Rolas bagor saka dumduman panen lan enem bagor saka upah derep. Saka kasepakatan ngono kuwi mau wong-wong kang nggarap sawah biasane dadi semangat nyambut gawe.

Lha cara umum ngedum panenan ngono mau, karo si Fulan kang nduweni sawah dianggep ora adhil. Si Fulan nganggep Pak Eko kemaruk lan omong sing ora-ora marang wong liya. Saka masalah iku, Pak Eko banjur mutung, nesu. Sawah sing digarap diwenehne maneh karo si Fulan sing nduweni sawah. Pak Eko banjur ngomong, “Wis wegah maneh aku nggarap nggone kono, Mas. Kapok aku malah dadi omongan mrana-mrene.” 

Kang Slamet yo banjur mangsuli, “O, wong tuwa ora kena nggo panutan berarti kae!”


Priyadi, pengangguran menanti investor

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s