Kapok Nggarap Sawah

Priyadi

PERSIS bar subuh, spiker saka mesjid Desa Jlumpang muni. Saknalika aku langsung maktratap pas krungu suarane. Saka dhusunku, Watulemper, suarane katon kemresek nanging isih krungu: Innalillahi wainna ilaihi raji’un.

Wis dadi tradhisi, yen wong Jlumpang ninggal, wong Watulemper kang tugas ndhudhuk kubur. Semana uga sewalike, yen wong Watulemper ninggal, wong Jlumpang kang ndhudhuk kubur. Sinambi nunggu rada padhang, aku salin siap-siap mangkat makam. Ning wetan omah karo nyumet udud, aku nunggu kanca liwat sing bakal melu ndhudhuk makam.

Let sadhelok ana kanca, banjur ana liyane kang mlaku tumuju makam. Aku lan wong-wong Watulemper liyane, kira-kira wong enem, banjur mlaku bareng mangkat makam karo klepas-klepus nyumet udud. Wayah tekan makam lan mulai ndhundhuk kubur, biasane wong-wong padha nyambi crita ngalor-ngidul. Kadhang yo crita babagan randha enom kang ngedap-ngedapi ayune, kadhang crita babagan politik sing ora jelas tur ora paedah, nanging kerep uga crita kahanan tanduran.

Wayah tekan makam lan mulai ndhundhuk kubur, biasane wong-wong padha nyambi crita ngalor-ngidul. Kadhang yo crita babagan randha enom kang ngedap-ngedapi ayune, kadhang crita babagan politik sing ora jelas tur ora paedah, nanging kerep uga crita kahanan tanduran.

Wong-wong padha gentenan ndhundhuk kubur, karo ece-ecenan. Biasane sing diece yo aku iki, mergane ora iso ngobahke pacul, jarene. Kesuwen sekolah dadine kethul ora iso macul. Aku krungu suara ecenan koyo ngono yo mung iso mesem karo nggleges thok. Wong pancen aku ora iso macul.

Karo nunggu giliran ndhundhuk kubur, aku krungu pitakon saka Kang Slamet marang Pak Eko. Pitakone kaya mangkene, “Taksih nggarap nggene Mbah Fulan niku, Pak? Sae panene kala wingi?” Pak Eko ora nyauri nanging namung mesem karo nyedhot udud let sadhelok kebul metu saka tutuke.

“Hlo, kok malah mesem?” mengkono pitakon tambahan saka Kang Slamet karo ngguyu. 

“Mpun mboten Mas. Dipaido mawon kulo. Dados omongan teng mburi,” Pak Eko mangsuli. 

“Eh, lha kok saget?” Kang Slamet takon maneh karo tangane njupuk udud ning kantongan. 

“Jarene leh ku maro ora pas. Malah ngomong karo wong-wong liya yen aku ngedum panenan ora bener,” Pak Eko mangsuli.

Babagan maro utawa kadhang kasebut bagi hasil iku wis biasa ana ing desa kang isih jembar sawahe. Miturut G.J. Vink ing kitab Dasar-Dasar Usaha Tani di Indonesia, cara bagi hasil iku ana loro. Sepisan kasebut perjanjian kerja, kaping pindhone kasebut sewa. Ingkang kasebut perjanjian kerja miturut Vink, juragan kang nduweni sawah isih campur tangan babagan cara nandur, menehi bibit, lan pilihan jenis tandurane. Bisa uga, juragan kang nduweni sawah nyilihi rabuk utawa ternak kang dinggo nggarap sawah.

Cara kang kapindho ingkang kasebut sewa miturut Vink yaiku, sing nduweni sawah ora ana campur tangan babarblas. Kabeh gumantung karo sing nggarap. Sing nduweni sawah namung njupuk bagian saka hasile panenan. Nanging mangkono, istilah saka Vink iku mau ora patio tepat kanggo nggambarake kahanan ing desa Jlumpang wayah modern iki. Istilah perjanjian kerja utawa sewa iku sejatine ora ana. Anane kang ndhasari maro iku rasa padha-padha mbutuhane lang nguntungake.

Sing nduweni sawah iku wis orang nyonggah wektune kanggo nggarap banjur kongkon wong sing gelem nggarap kanthi kasepakatan. Yen ora sepakat, biasanya sing nggarap yo ora bakal gelem. Yen sepakat, ana aturan kaya sing disebut Vink, yaiku sing nduweni sawah melu campur tangan apa orang melu campur tangan. 

Yen sing nduweni sawah melu campur tangan, biasane bakal oleh bagi hasil luwih akeh tinimbang sing nggarap sawah. Nanging saiki akeh wong sing nggarap sawah males yen ana campur tangan saka sing nduweni sawah, khususe ing Desa Jlumpang. Dadi milih pilihan kang kapindho, yoiku ora ana campur tangan saka juragan sing nduweni sawah. Pilihan kang kapindho iki kang dadi kesepakatan Pak Eko karo si Fulan kang nduweni sawah. Pak Eko nggarap sawah tanpa campur tangan lan mengko yen panen, sing nduweni sawah bakal oleh panenan.

Ing desa Jlumpang iku ana macem-macem cara bagi hasil: maro, mertelu utawa merpapat. Nanging sakiki sing biasa dilakoni yaiku maro. Biasane yen maro, ana itungan panen kang wis umume disepakati saka masyarakat. Maksude mangkene: yen pas panen ana upah kanggo sing derep. Derep yaiku gawean ngrumati panen saka mulai ngarit pari nganti pari mau dadi gabah kang wis kawadhahi ing bagor.

Saben limang bagor gabah saka panen, sing derep oleh sebagor. Ngono iku aturan kang biasane diugemi ing Jlumpang. Dadi yen panen limang bagor, sing sebagor kanggo sing derep, sing patang bagor kanggo sing nduweni sawah. Saumpamane kabeh panenan entuk telung puluh bagor, sing derep njupuk enem bagor dhisik kanggo upah. Sisane, patlikur bagor diparo adil kanggo sing nggarap sawah lan sing nduweni sawah. Dadi sisane patlikur bagor kui paro loro, entuk rolas bagor padha.

Saumpamane kabeh panenan entuk telung puluh bagor, sing derep njupuk enem bagor dhisik kanggo upah. Sisane, patlikur bagor diparo adil kanggo sing nggarap sawah lan sing nduweni sawah. Dadi sisane patlikur bagor kui paro loro, entuk rolas bagor padha.

Sing marai wong nggarap sawah iku gelem maro, biasane milih cara kapindho yaiku juragan kang nduweni sawah ora ana campur tangan. Dadi juragan sing nduweni sawah mau mung mangsa-bodoa, mengko yen panen pokoke oleh bagian. Ngono thok thil.

Saka kene, sing nggarap sawah biasane yo sing derep. Dadi sing nggarap sawah bakale oleh bagian luwih akeh tinimbang sing nduweni sawah. Umpamane panen telung puluh bagor, sing nggarap sawah bakale entuk wolulas bagor. Rolas bagor saka dumduman panen lan enem bagor saka upah derep. Saka kasepakatan ngono kuwi mau wong-wong kang nggarap sawah biasane dadi semangat nyambut gawe.

Umpamane panen telung puluh bagor, sing nggarap sawah bakale entuk wolulas bagor. Rolas bagor saka dumduman panen lan enem bagor saka upah derep. Saka kasepakatan ngono kuwi mau wong-wong kang nggarap sawah biasane dadi semangat nyambut gawe.

Lha cara umum ngedum panenan ngono mau, karo si Fulan kang nduweni sawah dianggep ora adhil. Si Fulan nganggep Pak Eko kemaruk lan omong sing ora-ora marang wong liya. Saka masalah iku, Pak Eko banjur mutung, nesu. Sawah sing digarap diwenehne maneh karo si Fulan sing nduweni sawah. Pak Eko banjur ngomong, “Wis wegah maneh aku nggarap nggone kono, Mas. Kapok aku malah dadi omongan mrana-mrene.” 

Kang Slamet yo banjur mangsuli, “O, wong tuwa ora kena nggo panutan berarti kae!”


Priyadi, pengangguran menanti investor

Widya lan Resti

Zuly Kristanto

TELUNG dina kepungkur Widya diajak bulike menyang salah siji papan pengungsian sing ora adoh saka kuthane. Ing kono, Widya ngrasa trenyuh samungkure weruh akeh bocah-bocah saumurane padha dolanan nganggo botol bekas banyu ngombe lan kulit jeruk bali.

Widya mbatin yen kulit jeruk bali sing dienggo dolanan bocah-bocah ing pengungsian kuwi sisa jeruk bali asil saka sumbangan para donatur. Merga saksuwene marani papan pengungsian, dheweke ora nemokake anane wit jeruk bali kaya sing tuwuh ing kidul omahe.

Senajan anggone menyang papan pengungsian mung sedhela. Nanging wis cukup nggawe Widya sadar. Nalika bali saka papan pengungsian. Sing kapisan ditindakake Widya njaluk ngapura menyang ibune.

“Bu, kula nyuwun pangapunten. Kula mboten siyos nyuwun klambi anyar lan dolanan malih,” ujare Widya ing sawijinig sore.

“Hlo, kena ngapa kok ora sida?”

“Nganu, Bu. Nalika diajak bulik dhateng papan pengungsian, Widya ngertos ing njawi taksih kathah bocah ingkang nasibe kirang beruntung. Kathah bocah sing boten gadhah dolanan. Widya dados rumaos mesakaken. Saupami Widya pengin nyumbang bocah-bocah nika napa pareng?”

“Pareng. Nanging apa sing arep kok sumbangke Wid?”

“Dolanan, Bu.”

“Hah, dolanan?”

“Nggih, Bu. Rumaos kula bocah-bocah ingkang ndherek tiyang sepahe ngungsi menika lak nggih butuh dolanan kagem nglipur atine sadangune ngungsi dhateng pengungsian. Kebeneran dolanan kula sampun kathah sing sampun boten didamel. Tinimbang dolanan kula namung disimpen ing jero peti, kula kinten langkung sae disumbagaken. Sinten ngeros saged migunani kagem bocah ingkang tumut ngungsi, Bu.”

“Sing kok omongne pancen bener, Ndhuk. Nanging apa kowe wis ikhlas tenan. Aja-aja mengko bareng kok sumbangne, kowe bakale getun.”

“Boten, Bu. Kula sampun ikhlas. Saestu.”

“Yen wis ikhlas tenan, ya wis kana, pilihana endi dolananmu sing arep kok sumbangke! Ning, Ibu pesen dolanan sing kok sumbangke iku kudu dolanan sing durung rusak. Mulane anggonmu milihi aja sembarangan. Dolanan sing wis rusak aja nganti ketut kok sumbangke. Mesakake sing nampa sumbangan dolananmu. Iki kudu kok tindakake supaya bocah sing nampa sumbangan ora ngrasa kok ece.”

“Inggih, Bu. Babagan menika kula sampun ngertos.”

Mulane anggonmu milihi aja sembarangan. Dolanan sing wis rusak aja nganti ketut kok sumbangke. Mesakake sing nampa sumbangan dolananmu.

Sadurunge mlebu kamare kanggo milihi dolanan. Widya nyuwun kerdhus menyang ibune. Sawise, Widya banjur mlebu kamare. Satekane njero kamar Widya langsung ngetokake dolanane sing disimpen ing jero kerdhus. Wektu kuwi dolanan sing isih disenengi lan kerep dienggo dolanan disisihake. Dene dolanan sing sekirane ora nate dilebokake menyang kerdhus sing mentas disuwun saka ibune.

Kegawa asyike anggone milihi dolanane sing bakal disumbangake, Widya nganti ora ngerti ing mburine wis ngadeg Resti, kancane sakelas. 

“Wid, kowe lagi ngapa?” takone Resti.

“Eh, Res, kapan teka?”

“Sik tas wae, Wid. Kuwi ngapa dolananmu kok diudhal kaya ngono ta?”

“Iya, Res. Iki aku lagi milihi dolananku. Arep tak sumbangake.”

“Hlo, kok sumbangake menyang ngendi?”

“Menyang bocah-bocah sing melu ngungsi, Res.”

“Oalah. Tak ewangi milihi, oleh?”

“Oleh wae, Res.”

Resti banjur lungguh ing cedhake Widya. Sinambi ngewangi milihi dolanane Widya sing bakal disumbangake. Resti takon kena ngapa Widya nganti lila nyumbangake dolanane. Mangka mungguhe Resti wis akeh pihak-pihak sing menehi sumbangan menyang para pengungsi sing bakal disumbang Widya.

Nalika keprungu alesane Widya. Resti dadi sadhar yen aweh sumbangan menyang wong sing lagi nandang kesusahan iku mujudake kewajibane wong sing mampu. Dadi dudu kewajibane wong tartamtu.

“Wid, sejatine aku ya pengin nyumbang. Nanging dolananku ora saakeh dolananmu.”

“Ngene, Res, awake dhewe kena kok nyumbang kanthi wujud apa wae. Ora kudu dolanan. Sing penting sing awake dhewe nyumbange ikhlas lan barang sing disumbangake isih pantes dienggo tumrape sing disumbang. Ngendikane ibuku babagan iki kudu ditindakake supaya sing nampa sumbangan saka awake dhewe ora rumangsa diasorake lan diece.”

“Dadi upama aku melu nyumbang sandhangan ngono entuk, ya? Soale yen sandhangan aku duwe lumayan akeh. Sandhanganku pancen ora apik nemen. Nanging, dakkira isih pantes. Aku pengin nyumbang merga sandhanganku ora mungkin daklungsurake menyang adhikku.”

“Hla, ngapa Res?”

“Kowe ngerti dhewe, adhikku lanang-lanang. Mosok arep daklungsuri sandhanganku.”

“Oh, iya. Aku lagi kelingan. Hehehe… Yen ngono kebeneran Res. Aku sing nyumbang dolanane, kowe sing sandhangane. Pas banget.”

“Kowe mrana maneh kapan Wid?”

“Yen ora kliru rong dina maneh, Res. Ana apa?”

“Saupama sesuk ing sekolahan awake dhewe ngajak kanca-kanca liyane piye? Sapa ngerti ana kanca sing pengin melu nyumbang?”

“Idhe apik kuwi, Res.”

“Pas menehake sumbangan saupama aku melu oleh?”

“Aku ora janji. Mengko coba daktarenake menyang bulik ya? Muga-muga bulik ngidini.”

“Oke, Wid. Mengko kabar-kabar wae.”

Dina candhake ing sekolahan. Widya lan Resti nyoba ngajak kanca-kancane. Tanpa dinyana akeh kancane sing pengin melu nyumbang. Malah anggene nyumbang ora mung dolanan lan sandhangan wae. Ana sing nyumbang alat-alat tulis, dhuwit, panganan, lan isih akeh maneh.

Akehe kancane sing kegugah atine melu nyumbang ndadekake Widya lan Resti ngrasa bungah lan bingung. Untunge ana Bu Ririn, guru kelase sing kasil mrantasi rasa bingung sing dirasakake Widya lan Resti. Bu Ririn ngendikan supaya sumbangan-sumbangan iku dipasrahake menyang sekolahan. Mengkone pihak sekolahan bakal nyerahake langsung menyang sing duwe hak nampa sumbangan iku mau. 

Saliyane kuwi sing banget gawe bungahe Resti lan Widya. Bocah-bocah sing pengin melu ngendhangi para korban ing papan pengungsian diidini melu. Mung wae kanggone sing melu. Bu Guru pesen supaya aja tumindak neka-neka sing wusanane bisa nglarani atine sapa wae sing lagi ngungsi ing papan pengungsian.

“Nggih, Bu. Kula janji. Kula boten bakal tumindak nakal lan neka-neka. Menawi kula ngantos nglanggar syarat ingkang Bu Ririn ngendikaken, kula siyap nampa ukumane,” ujare Resty.

“Semanten ugi kula, Bu,” Widya melu-melu.

“Kula nggih siyap, Bu,” ujare liyane.

Ndulu akehe muride sing duwe pepinginan luhur kanggo aweh pambiyantu marang sing lagi nandang musibah. Atine Bu Ririn seneng banget. Ing njero atine, Bu Ririn ndedonga supaya sipat sing kaya ngene iki bakal terus digawa nganti murid-muride dhiwasa.


Zuly Kristanto, penulis buku Wacan Bocah Kecap Nomer Siji (2018) lan Sithik Edhing (2020)

Wedi

R.I. Soekarni

YEN ana sing wedi karo macan, kuwi klebu lumrah utawa pantes. Merga macan klebu ewone kewan galak sing gelem mangsa manungsa. Saora-orane wedi yen dicokot wong untune gedhe-gedhe lan siyunge lancip, lan kukune katon landep kena kanggo nyakar, kena kanggo mbedhah wetenge manungsa. Wedi karo ula mbok menawa isih pantes, wong ula kuwi ana sing duwe wisa. Upamane ula weling.

Sing rada gawe gumun ana sing wedi karo uler. Sepira ta gedhene uler? Kaya ngapa kadigdayane uler nganti gawe wedi. Wong cukup dipidak nganggo bakiyak utawa sandhal ora bisa apa-apa. Apa maneh ibu-ibu utawa mbak-mbak, yen mriksani uler direwangi jerit-jerit karo gidro-gidro. Sasuwene jerit-jerit karo gidro-gidro njupuk cuthik dinggo mateni rak wis rampung.

Ana maneh sedulur sing wedi ana ing papan peteng. Wong ya wis ngerti yen latar mburi ora ana apa-apane kok ya wedi. Pancen wayah bengi ora padhang rembulan rak ya mesthi peteng. Mangka ana ing latar latare dhewe. Ana ing omah omahe dhewe, pekarangane dhewe … e … e … e … kok ya wedi.

Ning kepriye maneh njur arep dikapakne, wong pancen wedi. Wedi kuwi wis “gawane bayi”. Wiwit lair bayi wis digawani wedi. Kasare ya ora usah dipaido. Kabeh wong nduweni rasa wedi mau. Ana sing rasa wedine kandel. Tegese gampang wedi. Kuwi sing diarani jirih. Ana sing ngarani jereh. Ana sing rasa wedine tipis, meh ora duwe wedi. Kuwi sing diarani kendel.

Sajake rasa wedi iku klebu rasa sing ora becik. Nanging sejatine ora ngono. Ora kabeh rasa wedi ora becik. Upamane wedi salah. Wedi teka kasep, lan wedi liya-liyane. Wedi-wedi iku mau ora klebu ewone wedi ora becik. Mbok menawa malah klebu wedi sing becik, wong dadi ngati-ati.

Sajake rasa wedi iku klebu rasa sing ora becik. Nanging sejatine ora ngono. Ora kabeh rasa wedi ora becik. Upamane wedi salah. Wedi teka kasep, lan wedi liya-liyane. Wedi-wedi iku mau ora klebu ewone wedi ora becik. Mbok menawa malah klebu wedi sing becik, wong dadi ngati-ati. Ngati-ati supaya ora salah. Ngati-ati supaya ora kasep. Ana maneh wong sing wedi goroh, merga krungu ana unen-unen “sing goroh bakal growoh”. Ana maneh unen-unen “wedi wedi apa wewadimu?” Sing luwih medeni kuwi unen-unen iki “wedi ayang-ayange dhewe”. Yen wedi karo ayang-ayange dhewe, mesthi ora iso obah. Ayang-ayange dhewe kuwi mesthi katut digawa menyang endi-endi. Mula aja wedi karo ayang-ayange dhewe. Upamane kepengin pindah menyang kutha supaya bisa kuliah. Banjur ayang-ayange dhewe muncul “Aku wis suwe ora sinau, ora nate maca buku. Kuliah apa nutut. Gek dosen kuwi mesthi kereng. Ora sabar kaya guru SD. Gek saiki dienggo mangan wae nyumprat nyumprut. Neng kutha godhong tuku, kayu tuku. Pipis wae mbayar. Nyeleh sepeda mbayar ongkos parkir Dienggo tuku buku sing endi”. Yen olehe mikir ngono ya mandheg ora bakal sido kuliah.

Mikire ngene wae, “Yen konco-konco padha bisa, geneya aku wedi. Kudu nyambut gawe mempeng, iya. Kudu sregep sinau, iya. Kudu ora wedi prihatin, iya. Eling unen-unene bocah saiki, “Ana niat, ana dalane”. Sing mesthi aja wedi.      


R.I. Soekarni – Sasampunipun lulus saking Sekolah Guru B (SGB) Negeri I Blitar, tanggal 1 Maret 1955 dipun angkat dados guru ing Sekolah Rakyat (SR) Negeri Jatilengger, Srengat, Kabupaten Blitar, Jawa Timur.

Tahun 1957 dipun pindhah dhateng SR Negeri Blitar, Kecamatan Sanan Kulon, Kabupaten Blitar.

Tahun 1959 dipun pindhah dhateng SR Negeri Karangtengah I Kota Blitar. Sekolah punika kangge sekolah latihanipun murid-murid SGB Negeri IV Blitar.

Tahun 1961, dipun angkat dados Instruktur Pendidikan Jasmani, dipuntugasaken ing wilayah Srengat Kabupaten Blitar.

Tahun 1964, dipuntarik dhateng kantor Inspeksi Pendidikan Jasmani Kabupaten Blitar.

Tahun 1968, pindhah dhateng kantor Direktorat jenderal Olah Raga (Ditjora) Kota Malang.

Tahun 1969, nampi ijin belajar kuliah dhateng IKIP Negeri Malang, lulus tahun 1974.

Tahun 1975, dipun pindhah dados guru Sekolah Pendidikan Guru (SPG) Negeri Malang.

Tahun 1977, dipuntampi dados dosen tetap Fakultas Ilmu Pendidikan (FIP) IKIP Negeri Malang.

Tahun 1990, pensiun saking IKIP Negeri Malang katampi dados dosen tetap Yayasan Pembina Lembaga Pendidikan Pendidikan Tinggi (YPLPPT) PGRI, dipuntugasaken wonten ing IKIP PGRI Malang ngantos tahun 2016. Pungkasan mucal basa lan budaya Jawi ing jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Indonesia.